bismillah

بِسْــــــــــــــــــمِ اﷲِالرَّحْمَنِ اارَّحِيم

Rabu, 14 Maret 2018

Dedonga Cara Jawa

Di Yogyakarta banyak sekali forum yang membahas tentang budaya termasuk membahas tentang serat. Salah satu yang sering saya ikuti adalah bahasan mengenai budaya bertema di Pendopo Ifada, salah satu penerbit di Yogyakarta dan untuk pembicara yang sering saya ikuti adalah Ki Herman Sinung Janutama seorang peneliti Jawa. Pas aku main ke Pendopo Ifada mas Bagus langung menyodorkan beberapa buku dan menunjukkan video Ki Herman membacakan kidung, yang kidung tersebut berisikan tentang berdoa dengan cara Jawa dan juga beberapa serat berisikan tentang danyang atau penguasa jin/gaib di banyak tempat di Indonesia. Puniki naskahipun... sumonggo.....

Oiya untuk menambah pemhaman ini ada referensi artikel berjudul Sebuah Pemahaman (klik di sini) pengantar pemahaman tentang kumara dan pembagiannya ,, ada termasuk pengertian dalang dll.

[19:30, 2/3/2018] Mas Bagus Ifada:

Dedonga Cara Jawa

Pambuka

Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare :
Kang kinitha lelaguning gendhing,
Sarayuda pambukaning sekar,
Dhandhanggula turu lare,
Binarung ing swara rum,
Ruming raras kang milangoni,
Wiramane lancaran,
Mung kinarya gecul,
Pepathete nora oncat,
Wus kacakup cakepane datan cicir,
Lir-ilir gumregaha.

Katampi Tembang Ilir-Ilir :
Lir-ilir lir-ilir tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Bocah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dodotira
Dodotira kumitir bedhah ing pinggir
Domana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung gedhe rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya suraka .. Surak iyo

Kidung Suksmawedha
(Dhandhanggula)

Ana kidung hakembang hartati, sapa weruh reke
araningwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk aneng
gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti, ngalih aran ping
tiga, Artadaya tengsun, araningsun duk jajaka, Ki
Artati mangke araningsun ngalih, sapa weruh
araningwang.

Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke
Artadaya, tunggal pancer lan uripe, sapa wruh ing
panuju, sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad,
kang angidung iku, lamun dipun apalena, kidung iku den
tutug padha sawengi, adoh panggawe ala.

Lawan rineksa dening Hyang Widdhi, sakarsanya tinekan
dening Hyang, rineksa ing janma kabeh, kang maca kang
angrungu, kang anurat myang kang animpeni, yen ora
bisa maca, simpenana iku, temah ayu kang sarira, yen
linakon dinulur sasedyaneki, lan rineksa dening Hyang.



Kang sinedya tinekan Hyang Widdhi, kang kinarsan
dumadakan kena, tur sinihan Pangerane, nadyan tan
weruh iku, lamun nedya muja semedi, sesaji ing sagara,
dadya ngumbareku, dumadi sarira tunggal, tunggal jati
swara awor ing Artati, aran Sekar Jempina.

Somahira ingaran Penjari, melu urip lawan melu pejah,
tan pisah ing saparane, paripurna satuhu, anirmala
waluya jati, kena ing kene kana, ing wasananipun,
ajujuluk Adi Suksma, cahya ening jumeneng aneng
Artati, anom tan kena tuwa.

Panunggale kawula lan Gusti, Nilaening arane duk
gesang, duk mati nilar arane, lan suksma ngumbreku,
ing asmara mongraga yekti, durung duwe peparab, duk
rarene iku, awayah bisa dolanan, aran Sang Hyang Jati
iya Sang Artati, yeku sang Artadaya.

Dadya wisa mangkya amartani, lamun marta atemahan
wisa, marma Artadaya rane, duk lagya aneng gunung,
ngalih aran Asmarajati, wayah tumekeng tuwa, emut
ibunipun, Ni Panjari lunga ngetan, Ki Artati nurut
gigiring Merapi, anulya mring Sundara (Sindara).

Kidung Darmawedha
(Dhandhanggula)

Ana Pandhita akarya wangsit, mindha kumbang angajab
ing tawang, susuh angin ngendi nggone, lawan galihing
kangkung, wekasane langit jaladri, isining wuluh
wungwang, lan gigiring punglu, tapaking kuntul
anglayang, manuk miber uluke ngungkuli langit, kusuma
njrah ing tawang.

Ngambil banyu apikulan warih, amek geni sarwi
adedamar, kodhok ngemuli lenge, miwah kang banyu
dikum, myang dhahana murub kabesmi, bumi pinethak
ingkang, pawana katiyub, tanggal pisan kapurnaman, yen
anenun senteg pisan anigasi, kuda ngrap ing
pandhengan.

Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana epang keblat papat,
agodhong mega rumembe, apradhapa kukuwung, kembang
lintang salaga langit, semi andaru kilat, woh surya
lan tengsu, asirat bun lawan udan, apupucuk akasa
bungkah pratiwi, oyode bayu bajra.

Wiwitane duk anemu candhi, gegedhongan miwah
wewerangkan, sihing Hyang kabesmi kabeh, tan ana janma
kang wruh, yen weruha purwane dadi, candhi sagara
wetan, ingobar karuhun, kayangane Sang Hyang Tunggal,
sapa reke kang jumeneng mung Artati, katon tengahing
lawang.

Gunung Agung sagara Serandhil, langit ingkang amengku
buwana, kawruhana ing artine, gunung sagara umum,
guntur sirna amengku bumi, rug kang langit buwana,
dadiya weruh iku, mudya madyaning ngawiyat, mangasrama
ing gunung agung sabumi, candhi-candhi sagara.

Gunung luhure kagiri-giri, sagara agung datanpa sama,
pan sampun kawruhan reke, Artadaya puniku, datan kena
cinakreng budi, nanging kang sampun prapta, ing
kuwasanipun, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor
kidul ngandhap lan nginggil, kapurba kawisesa.

Bumi sagara gunung myang kali, sagunging kang isining
bawana, kasor ing Artadayane, segara sat kang gunung,
guntur sirna guwa samya nir, singa wruh Artadaya,
dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing prang, yen
lelungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah.

Jim peri prayangan padha wedi, mendhak asih sakehing
drubiksa, rumeksa siyang dalune, singa anempuh lumpuh,
tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja,
kabeh pan linebur, sakehing kang nedya ala, larut
sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.

Siyang dalu rineksa ing Widdhi, dinulur saking karseng
Hyang Suksma, kaidhep ing janma kabeh, aran wikuning
wiku, wikan liring mudya semedi, dadi sasedyanira,
mangunah linuhung, paparab Hyang Tegalana, kang
asimpen yen tuwajuh jroning ati, kalis ing pancabaya.

Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim setan datan wani
ngambah, rineksa malaekate, nabi wali angepung, sakeh
lara padha sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang
awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis laknat
sato mara-mara mati, tumpes tapis sadaya.

*

Kidung Reksawedha (Suluk Plencung)
(Sinom)

Apuranen sun angetang, lelembut ing tanah Jawi, kang
rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung
sawabe ugi, yen apal sedayanipun, kena ginawe tulak,
kinarya tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi
tawa.

Kang kariyin ing bang wetan, Durganeluh Maospait,
lawan Raja Baureksa, sami ratuning dhedhemit,
Blambangan kang jagi, awasta Sang Bala Batu, Buta
Locaya ika, kang rumeksa ing Kedhiri, Prabu Jaksa kang
rumeksa Giripura.

Sida Kare ing Pacitan, Kedhuwang si Klenthing Mungil,
Endra Yaksa ing Magetan, Jenggala ing Tunjungpuri,
Prangmuka Surabanggi, ing Panggung si Abur-Abur, Sapu
Jagad ing Jipang, Madiun sang Kala Sekti, pan si Korep
lelembut ing Panaraga.

Singa Barong Jagaraga, Majenang Trenggiling Wesi,
Macan Guguh ing Grobogan, Kala Johar Singasari,
Srengat si Baru Kuping, ing Blitar si Kala Kathung,
Buta Krodha ing Rawa, Kalangbret si Sekar Gambir, Caru
Bawor kang rumeksa ing Lamongan.

Gurnita ing Puspa Laya, si Lengkur ing Tilam Putih, si
Lancuk aneng Balora, Gambiran sang Kala Durgi, Kedhung
Gedhe ni Jenggi, ing Batang si Klewer iku, Lasem Kala
Prahara, Sidayu si Dhandhang Murti, Wida Langking ing
Candhi kahyanganira.

Semarang Barat Katiga, Pekalongan Guntur Geni,
Pemalang Ki Sembung Yuda, Suwarda ing Sokawati, ing
Tandhes Nyai Ragil, Jaya Lelana ing Suruh, Buta
Trenggiling Tanggal, ing Kendhal si Gunting Geni,
Kaliwungu Gutu Kapi kang rumeksa.

Gegelang si Somaita, Dhadhung Awuk Brebes nenggih, ing
Pajang Buta Salewah, Monda-Monda ing Mentawis, Palered
Rajek Wesi Kuthagedhe Nyai Panggung, Pragota
Kartasura, Cirebon Setan Kaberi, Juru Taman ingkang
aneng Tegal Layang.

Genawati ing Siluman, Kemandhang Waringinputih, si
Kareteg Pajajaran, Sapu Regel ing Batawi, Warusuli
Waringin, ingkang aneng gunung Agung, Kalekah
Ngawang-awang, Parlapa ardi Merapi, Ni Taluki ingkang
aneng Tunjungbang.

Setan Kowak aneng Sendhang, Pamasuhan Sapu Angin,
Kresna (Sonod) Pada ing Rangkudan, Pandhan Sari ing
Tarisig, kang aneng Wanagiri, Malang Karsa namanipun,
Sawahan Ki Sandhungan, Pelabuhan Duduk Warih, Buta
Tukang ingkang aneng Pelayangan.

Rara Amis aneng Tawang, ing Tidhar si Kala Sekti, Madu
Retna ing Sundara, Jalela ing redi Sumbing,
Ngungrungan Sidamukti, Terapa ardi Merbabu, si Bangsan
ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir, Aji Dipa ardi
Kendheng kang den reksa.

Sunan Lawu Ngargapura, ing Bayat Ki Malang Gati,
Kalanadhah ing Toyamas, Segaluh aran si Rendhil,
Banjaran Ki Wesasi, si Korok aneng Lowanu, gunung Duk
Geniyara, mBok Bereng Prang Tritis, Dremba Moha
ingkang aneng Purbalingga.

Ing Karangbolong si Kreta, si Belen ing Banarawi, ing
Jenu si Karung Kala, ing Penging Banjaransari, Dhung
Winong Andonsari, Pagelen Ki Candra Latu, ardi
Kendhalisada, Kethek Putih kang nenggani, Buta Glemboh
ing Gajah kahyanganira.

Rara Dhenok aneng Demak, si Bathithit aneng Tubin,
Juwal Pasat ing Talsanga, ing Tremas Kujang nenggani,
Trenggalek Nyai Kuring, si Kuncung Cemarasewu, Kala
Dhadhung Benthongan, si Asmara aneng Taji, Bagus Anom
ing Kudus kahyanganira.

Himagiri Manglar Munga, ing Gadhing Ki Puspagati,
Cucuk Dhandhang ing Kartika, Kulawarga Tasikwedhi,
kali Opak winarni, Sanggabuwana ranipun, Pak Kecek
Pajarakan, Cingcing Goling Kalibening, ing Dhahrama
Kara Welang kang rumeksa.

Kang aneng Warulandheyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus
Karang aneng Roban, Pasujayan Udan Riris, Widanangga
Dalepih, si Gadhung Kedhung Garunggung, kang aneng
Karabean, Citranaya kang nenggani, Genapura ingkang
aneng Majaraga.

Logenjeng aneng Juwana, ing Rembang si Bajulbali, si
Londir ing Wirasaba, Madura Buta Carigis, kang aneng
ing Matesih, Jaran Panolih ranipun, si Gober
Pecangakan, Danapi ing Jatisari, Obar-Abir kang
rumeksa Jatimalang.

Arya Tiron ing Lodhaya, Sarpabangsa aneng Pening,
Pesayangan Udan Gelap, Buta Gigis aneng Tegil, ing
Grenggeng Caping Warih, Penawangan Gutuk Watu, Tengger
Ni Otarwiyah, Wiradesa Gusti Geni, Penarukan kang aran
Setan Korokan.

Rara Dungik Randhulawang, ing Mendhang Retna Pengasih,
Buta Kepala ing Prambanan, mBok Sampur neng ardi
Gajahmungkur, si Gendruk ing Talpegat, ing Ngembel
Rahaden Panji, Pagerwaja Rahaden Kusumayuda.

Si Penthul aneng Kacangan, Pecabakan Dodolkawit,
kalangkung kasektenira, titihane kuda putih, lar waja
kemul neki, kalacakra payungipun, pan samya rinajegan,
akukuh rajege wesi, cemethine pat-upate ula lanang.

Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali
mangetan, mangaidul panyabet neki, na lara teka bali,
tinulak bali mangidul, ngulon panyabetira, ana lara
teka bali, pan tinulak mangulon bali kang lara.

Mangalor panyabetira, ana lara teka bali, tinulak
ngalor parannya, manginggil panyabet neki, na lara
teka bali, tinulak bali mandhuwur, mangisor
panyabetnya, ana lara teka bali, pan tindak bali
mangandhap kang lara.

Si Kuthung aneng Jepara, Gambiranom aneng Pathi,
kalangkung kasektenira, keringan samining dhemit, ing
Ngrema Tambak Suli, Yuda Paksa ing Delanggu,
Perangtandang Kesanga, Buta Kala ing Pasisir, si
Kecubung Kadilangu kang rineksa.

Nini Gelu aneng Jenar, Klabang Curing Banjarsari,
Talengkung ing Watukura, si Kuris ing wit Talrukmi,
Pujangga lan Pujanggi, ingkang aneng Semeru, si Bedreg
ing Tegalpat, Bancuri klawan Bancuring, kang angreksa
sukune ardi Baita.

Si Lowar aneng Subang, ing Kuwu si Ondar Andir, si
Barandang aneng Comal, si Kalunthung Dudukjalmi, setan
Telaga Pasir, ingkang aran si Jalilung, Kalangadhang
ing Tuntang, si Kuru Bokor den nggoni, Singanadha
ingkang aneng Petanahan.

Teluh Braja neng Cilacap, Nusa Barong Buratwangi,
Singgela Ki Nayadipa, si Dulit aneng Weleri,
Pringtulis Udan Geni, Kandhangwesi Gendir Diyu,
Barukin ing Kejayan, Dirgabahu Jeruk Legi, si Mahesa
Kuda neng Nusa Kambangan.

Rara Duleg ing Mancingan, Guwa Langse Raja Putri, kang
rumeksa Parang Wedang, Raden Arya Jayeng Westhi, kabeh
urut pasisir, kulawarga Ratu Kidul, sampun pepak
sadaya, para pramukaning dhemit, nungswa Jawa Pangeran
kang rumeksa.

*
Tembang Asmarandana

… 01 …

Kasmaran ingkang pinuji, luputa ing ila-ila, den dohna tulak sarike, ngetang sagunge lelembat, kang kerah Goplem ika, demit lit-alit sadarum, pan dede demit pra raja.

… 02 …

Setan brekasakan sami, si Goplem ditya kebayan, demit jro karaton kabeh, sawabe kinarya tengga, wong sakit budur samya, punika ingkang pakantuk, kalawan wong sakit panas.

… 03 …

Gedong upas kang nenggani, Kala Janggol singkirannya, kang ngreksa Ringin kembare, Kala Sogoksilit ika, si Biti ing Pandeyan, lawan si Gutul Pinanggul, si Angklung aneng Gapura.

… 04 …

Si Lengur Waringin kalih, Bajang Klewer ngreksa Gladag, Jim Putih ing Mesjid gede, Kyai Gotil ing Pajeksan, Plentung Mangku Bumenan, Jungkit Patihan nggenipun, Kyai Modin Bumi Natan.

… 05 …

Tambur Pagongan nggoneki, Bajang Angkrik Tepasanan, Bagus Bengkak rumeksane, ing paseban Prang Wadanan, Gutik ing Pamurakan, si Bodong Loji, nggenipun, Bagus Keret ing Plenggahan.

… 06 …

Ing Karetek Wewe Gerit, Gandor Loji cilik nggennya, Bangkrah aneng dedalane, Pak Tekik, aneng Pacinan, Angkrik ing Pasar besar, kang rumeksa aneng Panggung, Jebres wasta Ki Balentang.

… 07 …

Gus Lampor Jagalan nenggih, Ki Busik ing Wanareja, Ki Londet ing Krapyak, nggone, Balatidir ing Kentingan, Lengkrah Pucangsawitan, Ketek-ketek aneng Jurug, ing Beton si Kalanadah.

… 08 ..

Loji kebon Uwil-uwil, Tengklik Cocor Keter rannya, Mele Pakecohan nggone, Busikmelik Kaluraman, si Jrangkong ing Penjalan, Kotes Sawahan nggenipun, Buta Piti aneng Sangkrah.

… 09 …

Ing Ganggang Bletutur nenggih, Patunggon si Basahlungkrah, Sanasewu dedanyange, Bok Suwenggi wastanira, Kopraljulig Sampangan, wus tamat sasaneng tembung, pamanguning padanyangan.

… 10 …

Gantya kang pinurweng kawi, kalamun darbe atmaja, jalu estri datan pae, nggenira amrih kamulyan, aywa na kang pepeka, lela-lelanen ing kidung, kinanti kalis ing sawan.

Tembang Kinanti

… 01 …

Yen anangis lare iku, lela-lelanen lan dikir, supaya doh kang lalara, sarap sawane yen wani, saking rahmating Hyang Suksma, lan supangate Njeng Nabi.

… 02 …

Winacaha puji iku, setane lumayu nggendring, sarap sawane sumimpang, kala kalane sumingkir, cacing racak pada mendak, remi kruma pada mati.

… 03 …

Pitik tulak pitik tukung, tetulaking jabang bayi, ngedohaken cacing racak, sarap sawane sumingkir, si tukung mangungkung ngarsa, si tulak bali ing margi.

… 04 …

Si jabang bayi puniku, kekasihira Hyang Widi, rineksa ing Malaekat, den emong ing Widadari, pinayungan ing Hyang Suksma, kinebutan para Nabi.

… 05 …

Sakatahe wali kutub, ngulama lan para mukmin, samya angreksa ki jabang, mila tebih ing sasakit, sirna larane ki jabang, walagang slamet ki bayi.

… 06 …

Ana kinjeng tangis tangis mabur, mentok aneng sela ardi, myarsa tangise ki jabang, gyha prapta amarepeki, arsa nyuwuk kang lelara, ngalingi sarwi njampeni.

… 07 …

Punapa t jampinipun, godong asrah ing Hyang Widi, berambang lembahing manah, temu teminahing ati, adas uyah siring nala, mung salawat puji dikir.

… 08 …

Tegese dikir puniku, manut marang Kanjeng Nabi, Mochammad Dinil Mustapa, kalawan maknane dikir, eling mring Pangeranira, kang Agung kang Maha Suci.

… 09 …

Mangkana ta donganipun, alahuma Adam Sarpin, kaheru huwal kamolah, wajibuhu ngalaihi, warabbuhu kayatullah, cep meneng aja anangis.

…10 …

Sapa manglong-manglong iku, anengwetan tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si malang sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 11 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 12 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng kidul tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 13 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 14 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng kulon tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 15 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 16 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng elor tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 17 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 18 …

Sapa ana lungguh iku, aneng kiwa-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 19 …

Sapa ana lungguh iku, aneng tengen-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 20 …

Sapa ana lungguh iku, aneng dagan-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 21 …

Sapa ana lungguh iku, Ulon-ulon-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 22 …

Sapa kuwe mengak-minguk, apa si Bajing akikik, kinongkon si Aji-plampang, arsa mrawaseng ajurit, amburu si Kutilapas, payo burunen den aglis.

… 23 …

Tundungen dimene mumbul, sumengka ing awiyati, yen wis adoh tan katingal, sigra baliya den aglis, moluwa maling aguna, angreksa si jabang bayi.

… 24 …

Apa swarane gumludug, kadya lindu gonjang-ganjing, layak si Bledug kasanga, pada atanding kuwanin, kalawan Sapi Gumarang, payo buraken den aglis.

… 25 …

Yen wus sumengka manduwur, sira baliya tumuli, ngumpula si Aji-plampang, atunggu si jabang bayi, ingsun matak aji dipa, ingsun tuduh anggoleki.

… 26 …

Burunen celeng Demalung, tundungen dimen manginggil, yen wus ora katingalan, sira baliya den aglis, reksanen ingkang santosa, anak ingsun jabang bayi.

… 27 …

Dadiya tetulak tanggul, aja na kang sarap sawan, sumingkira ingkang tebih, kariya guna yuwana, utama bekti basuki.

… 28 …

Widada dawa kang umur, kacukupan sandang bukti, ntuk wahyu begja daulat, drajat nugrahaning Widi, cepak jatu kramanira. Oyod arondon lestari.

… 29 …

Sawengi aja na turu, adohna sakeh bilai, singkirna sakehing lara, tulak sarik samya kandih, baliya nuju wetonnya, si jabang amales becik.

… 30 …

Gantya mangke kang winuwus, nunggal anggite wong luwih, ngukarani pepujiyan, tutulaking jabang bayi, sinawang yuda-kenaka, mamrih rahayuning urip.

Tembang Pangkur

… 01 …

Singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, singa ama sing awulu, sing suku sing asirah, sing atenggak lawan kala sing abuntutut, pada sira suminggaha, muliya mring asal neki.

… 02 …

Ana kanung saka wetan, nunggang gajah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan brekasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 03 …

ANa kunang kidul sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 04 …

ANa kunang kulon sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 05 …

ANa kunang lor sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 06 …

ambalik maring awaknya, mbalik marang jasatira pribadi, mbalik karsaning Hyang Agung, tamat pasinggah setan, tulak sarap punika gantya winuwus, arane sarap den ucap, sagung kama salah sami.

… 07 …

Arane sarap kang lanang, kulhu putih kang wadon kulhu kuning, ywa wuruk sudi mring sun, ywa marang kaki jabang, sarap mangke sarap wedang sarap awu, pada sira suminggaha, muliha mring asal neki.

… 08 …

Samya geger setan wetan, anrus jagad kulon playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan ajur luluh, ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

… 09 …

Geger stan kidul samya, anrus jagad elor playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan ajur luluh ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

… 10 …

Ajiku gajah pamudya, kebo dungkul brapa rep-sirep sami, sirepa lelara iku, asuwung jantung jagad, tuting mata-mata liring manik ingsun, panahku sapu buwana, dadekna kusuma adi.

… 11 …

Tibakna mring janma lupa, eling mengko eling embenireki, salamet saumuripun, apan ingsun wus wikan, sun angadeg satengahing sagara gung, palinggihku lintang johar, ingkang ingsun-sedya dai.

… 12 …

Tan pegat pamuji mantra, pun Jaswadi putra ing Kodrat-manik, lailaha-ilalahu, Mochammad Rasulullah, salalahu ngalaihi wa salamu, wa ngalaekum salam, agantya manising puji.

Tembang Dhandhanggula

… 01 …

Sipat iman wa mantu bilahi, tegesipun pracaya ing Allah, ing Pangeran sajatine yan Pangeran kang Agung, kang akarya bumi lan langit, angganjar lawan niksa, mring manungsa sagung, langgeng tur murba misesa, Maha Suci angganjar paring rijeki, aniksa angapura.

… 02 …

Kaping kalih wa malaekati, tegesipun pracaya malaekat, anapun tegesem ingutus ing Hyang Agung, pakaryane anunulisi, marang kawulanira, kang dosa lit agung, kang karya purba wisesa, neka-neka gawena sawiji-wiji, sakehe malaekat.

… 03 …

Kaping tigane wa kutubihi, tegesipun pracaya ing kitab, kang tinurunaken kabeh, kitab Adam sapuluh, Nabi Esis seket winilis, anenggih ponang kitab, Idris telung puluh, Ibrahim sapuluh kitab, Torat Musa Dawud Jabur Ngisa Injil, kitab Kuran Mochammad.

… 04 …

Yogya sira kawruhana sami, muga-muga antuka supangat, iya iku andikane, gusti Njeng Nabi Rasul, sinung rahmat dening Hyang Widi, sing sapa ngapalena, iyajanjinipun, den padakken asidekah, saben warsa sami lan wong munggah kaji, sapisan marang Mekah.

… 05 …

Lan den dohken sakehing bilai, sinung rahmat ing donnya akerat, sarta linebur dosane, lan malih sawabipun, lamun ana janma kang sakit, lan sira wacakena, ngulon-ulonipun, ngalamat ingkang alara, oleh tamba saking sabdaning Hyang Widi, lan berkahing Panutan.

… 06 …

Kawruhana kehing pra Nabi, Nabi Adam kang mangka wiwitan, Nabiyullah wekasane, katahe yen pinetung, kawan dasa langkung kalih, lah sigra estokena, sadaya den emut, luwih agung kang supangat, lemah sangar kayu aeng lebur sami, tan ana kara-kara.

… 07 …

Gantya malih murwanio amuji, Caritane nenggih wringin sungsang, punika ageng sawabe, ananging ta kalamun, winaca sru pareng nujoni, ana wanudya wawrat, iku tan pakantuk, manawa dadya jalaran anggogrogken wetengane kang nggarbini, dadya wasaneng durma.

Tembang Durma

… 01 …

Wringin sungsang wayahipun tumuruna, ngaubi awak mami, tur tinuting bala, pinacak suji kembar, pipitu jajar maripit, asri yen siyang, angker kalane wengi.

… 02 …

Duk samana akempal kumpuling rasa, netraku dadi dingin, netra ningsun emas, puputihe mutyara, ireng-ireng wesi manik, ceploking netra, waliker uda ratih.

… 03 …

Idep ingsun kekencang bang ruruwitan, alisku sarpa mandi, kiwa tengen pisan, cupakku surya kembar, kedepku pan kilat tatit, kang munggeng sirah, wesi kekenten adi.

… 04 …

Rambut kawat sinomku pamor anglayap, batuk sela cendani, kupingku salaka, pilingan ingsun gangsa, irungku wesi duaji, pasu kulewang, pipiku wesi kuning.

… 05 …

Watu item lungguhe ing janggut ingwang, untuku rajeg wesi, lidah wesi abang, aran wesi mangangkang, iduku tawa sakalir, lambeku iya, sela matangkep kalih.

… 06 …

Guluku-ningsun paron wesi galigiran, jaja wesi sadacin, pundak wesi akas, walikat wesi ambal, salangku wesi walulin, bauku denda, sikutku pukul wesi.

… 07 …

Asta criga epek-epek ingsun cakra, cakar wok jempol kalih, panuduh trisula, panunggulku musala, mamanisku supit wesi, jentikku iya, ingaran pasopati.

… 08 …

Bebokongku sela ageng kumalasa, akawet wesi gilig, ebol-ingsun karah, luput denda kang tinja, balubukan entut mami, uyuhku wedang, dakarku purasani.

… 09 …

Jembut kawat gantungaku wesi mentah, walakang wesi gapit, pupu kalataka, sungsum ingsun gagala, ototku gungane wesi, ing dalamkan, ingaran kaos wesi.

… 10 …

Sampun pepak sarira-ningsun sadaya, samya pangawak wesi, pan ratuning braja, manjing aneng sarira, tan ana braja ndatengi, dadya wiyana, ayu sarira mami.

*
Katutup kaliyan kidung sarira ayu

Tembang Dhandhanggula


… 01 …

Ono kidung rumekso ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa bilai kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana mgarah mring mami,guno duduk pan sirno.

… 02 …

Sakehing lara pan samya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak tutut, kayu aeng lemah sangar, songing landk guwane wong lemah miring, myang pakiponing merak.

… 03 …

Pangupakaning warak sakalir, nadjan arca myang sagara asat, temahan rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaekat, sakatahing Rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.

… 04 …

Napasku Nabi Ngisa linuwih, Nabi Yakub pamiyarsa ningwang, Yusup ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, Njeng Suleman kasekten mami, Nabi Ibrahim nyaw, Edris, ing rabutku, Bagenda Ali kulit ingwang, getih daging Abu Bakar Ngumar singgih, balung Bagenda Ngusman.

… 05 …

Sungsum ingsun Patimah linuwih, Siti aminah bajuning angga, ayub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, netraku ya Muhammad, pamuluku Rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakatahing para Nabi, dadya sarira tunggal.

… 06 …

Wiji sawiji mulane dadi, apan pencar saisining jagad, kasamatan dening Date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang animpeni, dadi ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan nuli waras.

… 07 …

Lamun ana wong kadenda kaki, wong kabonda wong kabotan utang, yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sawelas wacanen singgih, kang luwar ingkang kabanda, kang kadenda wurung, aglis nuli sinauran, mring Hyang Suksma ingkang utang iku singgih, kang agring nuli waras.

… 08 …

Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaha sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, mungsuhira rep-sirep tan ana wani, rahayu ing payudan.

… 09 …

Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiha lawan anawaha, patang puluh dina bae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, insya allah katekan, sakarsanireku, tumrap sanak rajatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kali-Jaga.

(HSJ)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar