bismillah

بِسْــــــــــــــــــمِ اﷲِالرَّحْمَنِ اارَّحِيم

Kamis, 06 Oktober 2022

SARISWARA AKTIF KI HAJAR DEWANTARA CERITA GARUDEYA MAPEL BAHASA JAWA BLENDED SEJARAH ZAMAN KERAJAAN MATARAM KUNO

 WORKSHOP METODE SARISWARA UNTUK PAMONG/GURU SEKOLAH MENENGAH ATAS SE-DIY

PENDIDIKAN KARAKTER KHAS KEISTIMEWAAN JOGJA MELALUI KESENIAN DENGAN SERAPAN OBYEK KEBUDAYAAN DALAM MATA PELAJARAN UMUM

HOTEL TIRTA KENCANA 4-7 OKTOBER 2022

MICROTEACHING

NASKAH DRAMA GARUDEYA

KELOMPOK GONG

METODE SARISWARA AKTIF KI HAJAR DEWANTARA

 

Kamis, 6 Oktober 2022

 TOKOH CERITA GARUDEYA

1.        Garudeya : Pak Panji

2.        Aruni : Bu Ajeng

3.        Winata : Bu Dini

4.        Kadru : Pak Arkan

5.        Begawan Kasyapa : Pak Gunadi

6.        Basuki : Pak Fanda

7.        Taksaka : Pak Sutiar

8.        Antaboga : Pak Prono Aji

9.        Bathara Guru : Pak Didit

10.      Bathara Wisnu : Pak Tamim

11.      Kuda Ucchishrawa : Rahayu

12.      Narator: Windu

 

Sawijining dina ing pelataran Candi Prambanan bocah-bocah lagi pada sinau sejarah lan nyanyi lagu babagan candi.

Ayo plesir karo sinau menyang Yogja

Akeh candi petilasan jayaning bangsa

 

Candi candi candi zaman Mataram Kuno

Candi Prambanan, Ijo, Sambisari

Iku kabeh candi-candi Hindu

 

Candi candi candi zaman Mataram Kuno

Candi Kalasan, Sari, Banyunibo

Iku kabeh candi-candi Budha

 

Ayo dijaga mrih lestari mulya

 

Swasana malih dadi ing zaman kuna, nyritaake Garudeya ya Angruni saka kitab Adiparwa Jawa Kuna. Begawan Kasyapa wayahe bathara Brama kang linuwih nduweni pat belas garwa, naming loro antarane ora bisa nduweni keturunan aran Winata lan Kadru.

Adegan Scene 1

Kadru                         : Kangmas, ngapunten kula kaliyan Winata mboten saget gadah keturunan. Nanging kepripun menawi kula anggadahi krenteg bade nyuwun lare.

Begawan Kasyapa : iya yayi, kepriye kekarepanmu, Sayang?

Kadru                         : Kangmas, kula nggadahi pepinginan momong sewu lare.

Winata                      : menawi kula naming nggadahi pengangen-angen nggadahi kalih lare kangmas.

Begawan Kasyapa  : iya yayi, aku wenehi sewu endog kanggo yayi Kadru, lan loro endog kanggo yayi Winata.

 

Scene 2

Kadru             : kabeh endogku wis netes dadi sewu naga. Mreneya Basuki, Taksaka, Antaboga anakku cah bagus.

Basuki, Taksaka, Antaboga : Inggih babu Kadru.

Winata          : kog tigan kulo dereng netes, kepripun niki. (Karo mecah salah siji endog)

Aruni              : loh babu Winata, kulo dereng wancine netes, dados kulo dereng gadah samparan.

Winata          : ngapurane le, iki pancen salahe biyung.
Aruni              : kulo mboten nrimo buuuuuuuuuuuu, kulo ngutuk biyung dados budak mangke sak wijining dinten.

Aruni dadi titihane Bathara Surya.

 

 

 

Scene 3

Kadru kewalahan lan nduwe gegayuhan ndadiake Winata budake lan ngasuh sewu anak naga.

Kadru             : anak jaran endas pitu Ucchaisrawa njedul seka danau susu Mantana, kepriye yen awake dewe taruan. Coba apa warnane ndas jaran iku mengko?

Winata          : menurutku putih murni wernine.

Kadru             : Ora yamengko ki bakale putih ning buntute ireng.

Uchaissrawa (mabur njedul)

Uchaissrawa kang mabur seka danau Mantana warnine pethak murni.

Kadru             : Gage anaku Taksaka, Basuki lan Antaboga semburen buntute supaya dadi ireng.

 

Scene 4

Banjur buntute Uchaiswara warnane dadi ireng lan Winata dadi budake Kadru. Selang pirang-pirang wektu endoge Kadru netes.

Garudeya      : teng pundi ibu kula, babu Winata.

Antaboga      : neng kene ibumu ya Garudeya.

Garudeya      : priye anggonku bisa merdikaake babu kula.

Taksaka & Basuki    : goleken Tirta Amreta ana ing kayangan Suralaya.

 

Scene 5

Garudeya : Bathara, ulun bade nyuwun Tirta Amreta.

Bathara Guru : Tirta Amreta dudu kanggo wong ing Ngarcapada.

Garudeya      : Tirta Amreta bade ulun caosaken para naga supados ibu kula saget merdika pikulun.

Bathara Guru : yen mangkono, gawanen Tirta Amreta iki, ati-ati aja kaya bocah cilik.

Garudeya : Nembah nuwun pikulun.

Scene 6

Bathara Wisnu : jeneng kita arep ngendi, mandega disik.

Garudeya      : ulun bade merdikaake kanjeng ibu.

Garudeya kalah perang

Garudeya : aduh pikulun, parengaken ulun mbekta tirta puniki kagem kanjeng ibu lajeng kula keparengaken ngabdi dados titihan pikulun.

Bathara Wisnu : ya pangestunipun kita tampanana.

(Keterangan : Pas Amreta diwenahna para naga, Bathara Wisnu banjur mandap nyaut tirta kasebut, tirtane ana kang wutah neng alang-alan lan didilat naga, mula ilate naga cabang dadi loro)

Garudeya : para naga sedulurku, iki Tirta Amreta kanggo kabeh sedulurku.

Winata : Gusti pangeran, nembah nuwun ya le anaku sing bagus, Garudeya biyung saiki wis merdika.

Akhire Garudeya bisa mbebasaken kang ibu Winata.

 



           

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar